Naskah
drama “ ANDE- ANDE LUMUT ”
TEMA :
KATRESNAN
Asmane
kelompok :
1.
AFIN ALAMEI REIHANA (XI A
1-02)
2.
ANWAR SYA’RONI (XI A 1-03)
3.
DEA ALYA SETYANTI(XI A 1-05)
4.
GALUNG ARIESTA (XI A 1-10)
5.
IKA NOVITASARI (XI A 1-13)
6.
NIA DAMAYANTI (XI A 1-16)
7.
RISA SULISTYAWATI (XI A
1-18)
8.
SAVELLA ZULKARNAI (XI A
1-19)
SMAN 1
NGANTANG
Tahun
ajaran 2016/2017
--------------------------------------------------------
Prolog : Ing jaman biyen ana putri saka Kerajaan
Kediri kang ayu rupane uga ayu atine. Jumenenge “Dewi
Sekartaji” lan uga
uga diarani “Putri Kediri”. Pramila akeh uwong seneng marang Dewi Sekartaji, padha dene
pangeran-pangeran ing saben kerajaan. Nanging putri Kediri ora kepincut marang
pangeran ngendi wae. Ora kesupen wong tuwaen Dewi Sekartaji njodohake kaliyan
putranipun Kerajaan Daha kang jumeneng “ Panji Asma Bangun “. Nanging wong loro
iki padha dene durung weruh praupane.
Dewi :
(mlaku-mlaku ing pinggir danau, lan ngampiri pangeran kang kethok mincing)
Panji :
(mancing sambi nyawang putri ing pinggir danau) “ kapan aku entuk iwak iki?
Dewi : “sabar to mas!!” (mringis marang
Panji)
Panji : “arep sabar piye maneh iki, kaet jaman
kolok tape nganti kolok semangka kok gak oleh-oleh?”
Dewi : inggih duko kula namung ningali mawon,
kok wonten pangeran mincing?”
Panji :”lah awakmu sapa..?”
Dewi : “Dewi….” (durung mari oleh e ngomong,
wis udan, pramila wong ing danau padha semburat dewe-dewe)
Pangeran Panji kang nduwei praupan bagus
uga mahir ing peperangan. Ora kaget Pangeran Panji entuke latihan manah ing
pinggir danau. Pinggir danau mesti dadi panggenan kang demen e Panji. Saben
isuk Dewi Sekartaji mlaku-mlaku ing pinggir danau.
Dewi : “Tulung!!! Tulung !!!”
Panji : (langsung nulungi)
--Sakmarine
nulungi—-
Dewi :”Matur sembah nuwun”
Panji :” padha-padha, kayane awake dewe tau
kepetuk”
Dewi :”Inggih, kula Dewi Sekartaji, putri
saking Kerajaan Kediri”
Panji :” Yen ngunu awak dewe dijodohkaen dening
keluarga kita. Aku Panji Asmara Bangun pangeran saka Kerajaan Daha”
Dewi :” inggih menawi ngoten, kula manut napa
jare biyung”
Saben dina saya suwe saya cidek, hubungan
Dewi lan Panji tambah ngetokake keakrabane. Nanging wong tuwa putri saka Dewi
Sekartaji ora ngerestui hubungane. Dewi Sekartaji minggat sakingomah. Ing
tengah dalan Dewi mampir ing omah.
Dewi : (tok tok) “kula nuwun….,, kula nuwun”
Ibu klenting : “mangga”
Dewi : “kula badhe numpang ing griya mriki”
Ibu klenthing :
“dadi anak asuhku gelem ta?”
Dewi : “kula nggih purun sanget.”
Ibu klenthing :
“jenengmu sapa nduk?”
Dewi :Dewi Sekartaji buk?”
Ibu klenthinng :
(ing njero atine kepikiran, kaya jenenge putri Kediri) “sak durunge kowe dadi
anak asuhku, kenalno iki putri-putriku.”
Klenthing Biru :
“aku klenthing biru”(kemayu,salaman)
Klenthing abang:
“kowe wis eruh klambiku abang, dadi yo dipikir dewe lah.”
Ibu Klenthing :
“ biasah nduk, kabeh iki sifat e anak-anakku”
Dewi : “mboten punapa-punapa buk”
Ibu K :”kowe tak anggep anak asuh. Apa gelem
jenengmu tak ganti kaya anak-anakku ngene”
Klenthing
A&B : “lho..lho..lho buk!!” (ora terima)
Dewi : “kula sak kersa mawon buk”
Ibu k : “jenengmu saiki ‘KLENTHING KUNING’ ,
kepriye?”
Dewi : “ inggih “
Klenthing B :
“kowe nang kene iya anak asuh, pembantu ya iso.”
Klenthing A : “
mulane aja neko-neko. Oke ?”
Klenthing K :
“iya mbak”
Ibu k : “ wis-wis kowe saiki iso langsung
rewang-rewang.”
Panji Asmara Bangun nggoleki Dewi Sekartaji
nganti ing pelosok negeri, nanging koyo wis gak ketemu. Amarga kentekan bekal,
Panji ngasoh ing ngisor e wit. Tapi …
Mbok Rondho :
“tolong !!!”
Maling :
“Serahno kabeh!!!!!!!!!!”
Panji langsung
nguber lan ngrebut maneh apa sing dijupuk dening maling.
Panji : “ niki buk “
Mbok :” suwun. Kowe arep menyang endi?”
Panji :”kula badhe madosi rencang kula, tapi
kula sampun kentekan bekal.”
Mbok :”ayo mangan ing omahku wae, mumpung aku
mari teko pasar”
Panji :”mboten pun, mboten buk”
Mbok :” aja nolak rejeki, ayo”
Panji :” nggih pun, mangga”
Panji moleh bareng mbok rondho, rondho
dadapan kang beneh. Teko omahe mboh rondho,
Mbok :” kowe ngasoh nang kene disek tak
jupukake ngombe”
Panji :”inggih mbok”
--30 menit sak
marine—
Mbok :” iki lo, mangan sak anane wae ya”
Panji :”inggih, mboten napa-napa”(kaliyan crito
apa olehe perjalanan sak munu suwene)
Mbok :”kowe tak angkat dadi putraku”
Panji :”kula purun mbok, purun sanget”
Mbok :”jenengmu ganti, ora panji maneh,
“Ande-ande lumut” iku pantes”
Panji :”inggih-inggih mbok”
Panji wis entuk wong tuwa angkat kang beneh
banget. Nanging bedha karo Dewi Sekartaji ksng nduweni wong tuwa angkat saya
suwe saya kejam.
Rondho klenting
:”anak-anakku sing ayu-ayu.. mrene nduk!”
Klenting-klenting
:”injih mbok, wonten napa?”
Rondho klenting
:”ngene nduk, ana warta sing penting banget”
Klenting abang
:”warta apa ta mbok?”
Klenting biru
:”inggih mbok wonten napa ta?” (manja, nyedak karo nyekel tangane mbok rondho
klenting)
Klenting abang
:”wonten napa mbok, sajake kok tenanan. Wonten menapa?”
Rondho klenting
:”kowe ngerti ta, mbok rondho dadapan sing duwe anak bagus banget, jenenge
ande-ande lumut?”
Klenting-klenting
:”oh.. ande-ande lumut. Bagus!!wah gelem no”
Rondho klenting
:”iya,mbok rondho dadapan gawe sayembara “sinden idol” kanggo anake ande-ande
lumut sing lagi goleki garwa pendamping”
Klenting-klenting
:”wah…purun sanget mbok”
Rondho klenting
:”iya… mengko mbok arep dandani kowe-kowe supaya dadi putri sing ayu-ayu, sapa
ngerti salah sijine kepilih dadi garwane ande-ande lumut”
Klenting-klenting
:”iya mbok,, purun”
Klenting abang
:”wah mesti aku sing dipilih mengko, kan aku ayu..”
Klenting
biru :” ora iso! Mesti aku isng dipilih
ande-ande lumut dari garwane”
Klenting abang
:” ora iso mbakyu, mesti aku ta, aku kan luwih cilik, kudune mbakyu-mbakyu
ngalah karo aku!”
Klenting biru :”
heh!! Aku kan luwih tuwa saka kowe.. kudunge kowe ngajeni aku dadi mbakyumu!”
Rondho klenting
:” wis wis tah!! Ora usah padu.. anak-anake mbok kan ayu-ayu, ora usah padha
udur-udur!! Gek nang njero siap-saip dandan”
Klenting-klenting
:”injih mbok..”
Klenting kuning marani mbok rondho lan
ngomong marang mbok rondho.
Klenting kuning
:” mbok, kula badhe matur”
Rondho klenting
:”matur apa..? apa kowe wis rampung nyapune?”
Klenting kuning
:”sampun mbok, ngeten mbok, kula inggih kepingin ndherek sayembara “sinden
idol” supados dados garwane ande-ande lumut kados mbakyu –mbakyu klenting”
Rondho klenting
:”oh, iya wis.. rene tak dandani kowe.” (mbok rondho menehi angus lan ambu-ambu
kang ora enak marang klenting kuning)
Rondho klenting
:”ya wis saiki umbahana klambi-klambine mbakyumu karo nggone mbok neng kali
kana.” (mbok rondho nyurung klenting kuning kanthi kasar banget)
Klenting kunging
:” inggih mbok..”(klenting kuning ninggalaken mbok rondho lan mlaku marang
pawon)
Rondho klenting
:”hahahaha… muga-muga sing diterima dadi garwane ande-ande lumut yaiku salah
sijine anak-anakku, dudu klenting kuning”
Klenting kuning nampi menapa ingkang dipun
utus dening mbok rodho lan dilampahi kanthi sabar.
--wektu
umbah-umbah neng kali—
Klenting kuning
:”duh gusti ngeten niki gesangipun kula.. mugi-mugi kula saget nampi kanthi
lemah manah”
Widodari : (wong
kang ora disangka mara)”hei cah ayu”
Klenting kuning
:”sapa kuwi?”
Widodari :”kowe
ora usah wedi, aku iki widodari sing arep nulung awakmu!”
Klenting kuning
:”ameh ngapa kowe?”
Widodari :”sku
arep menehi kowe pusaka, tampanen. Muga-muga pusaka iki kuguna kanggo kowe. Iki
jenenge jimat kalimasada. Tampanen cah ayu”
Klenting kuning
:”inih matur nuwun”
Widodari
:”ati-ati, gunakno pusakan kuwi kanggo kabecikan”
Klenting kuning
:”injih, matur nuwun lan nyuwun donga lan restune.” (klenting kuning
ninggalaken kali lan nggawa pusaka sing diwenehi widodari)
Yuyu kangkan
:”hohoho…. Godhong waru kok bolong-bolong.. bocah ayu kok moblong-moblong. Sapa
kae sing teko?”
Klenting abang
:”wah.. kaline banjir.”
Klenting biru
:”iya mbakyu.. piye carane awake dhewe nyebrang?”
Klenting abang
:”bisa bisa awake dhewe ora sida melu sayembarane mbok rondho dadapan?”
Klenting biru
:”sik sik. Kae ana yuyu kangkang ta?”
Klenting abang
:”wah.. iya .. ayo njaluk tulung yuyu kangkang wae mbakyu”
Klenting biru
:”iya.. yuyu kangkang yuyu kangkang…”
Yuyu kangkang :”hahaha,,
ana apa cah ayu-ayu?”
Klenting abang
:”yuyu kangkang.. aku njaluk tulung kowe.. tulung sebrangake aku lan adhikku lewat kali iki “
Yuyu kangkang
:”wah.. abot banget kuwi.. iso nanging enek syarate cah ayu.. enek imbalance.”
Klenting abang
:”imbalane apa ta? Kon mbayar nganggo dhuwit? Wah kowe kuwi mata duwitan!”
Klenting biru
:”ya wes lah yen dhuwit gampang… mengko tak bayar..”
Yuyu kangkang
:”dudu dhuwit.. aku ora doyan.. hahaha”
Klenting-klenting
:”preettt”
Yuyu kangkang
:”imbalance yaiku nganggo tanganmu..”
Klenting abang
:”apa tanganku?? Ameh mbok kapakne?”
Yuyu kangkang
:”ora tak kapak-kapakne.. mung tak ambung sitik”
Klenting biru
:”he!!! Apa?”
Klenting abang
:”ihhhhh….. emoh ah.. gilani”
Klenting biru
:”iya apa ora enek imbalan liyane? Mosok tanganku sing wangi iki mbok ambungi?
Hii”
Yuyu kangkang
:”yaw is yen wegah.. yen suwe-suwe mengko imbalance nambah..”
(klenting-klenting padha rembugan)
Klenting abang
:”yaw is.. tapi neng tangan wae sedilit tok..” (yuyu kangkang nyebrangake
klenting-klenting kanthi giliran)
Yuyu kangkang
:”wah.. seneng banget aku iso ngambung tangane cah wadon ayu-ayu..”
(klenting kuning teko arep nyebrang)
(klenting kuning teko arep nyebrang)
Yuyu kangkang :”
hoho. Apa kuwi? Ambune ora enak,, rupane elek banget”
Klenting kuning
:”wah.. kok banjir ta? Piye iki carane aku iso nyebrang? Wah kae enek yuyu
kangkang.. yuyu kangkang.. yuyu kangkang mreneno. Aku njaluk tulung sebrangne
aku”
Yuyu kangkang
:”hahahah… apa sebrangke? Aku wegah”
Klenting kuning
:”mengko tak wenehi dhuwit”
Yuyu kangkang
:”aku wegah… wes kana lunga.. aja rene maneh! Dasar wong wadon elek”
Klenting kuning
:”alah.. kowe kok jahat ta yuyu kangkang..”
(l=klenting kuning ngetokno pusakane)
(l=klenting kuning ngetokno pusakane)
Klenting kuning
:”yaw is yen kuwi karepmu, aku arep ngasatno kali iki”
Yuyu kangkang
“hahahaha… apa ya iso”
--sebanjure kali
asat, yuyu kangkang mati lan klenting kuning bisa nyebrang slamet”
Klenting-klenting sing wis teko amarga
bantuan saking yuyu kangkang iku maeng nyampekaken maksut tujuwane.
Klenting-klenting
:”kula nuwun”
Rondho dadapan
:”mangga. Sapa ya ??”
Klenting abang
:” kula mbok, klenting abang”
Klenting biru :”
kula klenting biru”
Rondho dadapan
:”wah..cah wadon ayu-ayu.. arep ngapa iki?”
Klenting-klenting
:” badhe melu sayembara “sinden idol” supaya bisa dadi garwane ande-ande lumut
mbok..”
Rondho dadapan
:”owalah.. arep melu sayembara ta? Ayo nyanyi siji-siji “
Klenting-klenting
:”inggih mbok..” (klenting-klenting gentian nuduhake kapinterane nyanyi)
Klenting abang :
(nyanyi)
Rondho dadapan
:” lumayan-lumayan… next..”
Klenting biru
:”(nyanyi)
Rondho dadapan
:”waw.. radha cucok. Sek ya tak omongke ande-ande lumut. Mlebu siji-siji ya “
Klenting-klenting
:”oke . siappppp”
(klenting abang mlebu pisan, banjur mbok rondho nyanyi)
(klenting abang mlebu pisan, banjur mbok rondho nyanyi)
Rondho dadapan
:” putraku si ande-ande lumut.. temuruna ana putri kang unggah-unggahi..
putrine ngger sing ayu rupane.. klenting abang iku kang dadi asmane.”
Ande-ande lumut
:”duh ibu.. kula mboten purun.. duh ibu.. kula mboten medun..najan ayu sisane
si yuyu kangkang”
Rondho dadapan
:”wah ora gelem iki nduk”
Klenting abang
:”wah kurang ajar kowe kuwi.. aku ayune ngene diarani sisane yuyu kangkag”
(klenting abang metu banjur klenting biru sing ganti melbu)
(klenting abang metu banjur klenting biru sing ganti melbu)
Rondho dadapan
:” putraku si ande-ande lumut.. temuruna ana putri kang unggah-unggahi..
putrine ngger sing ayu rupane.. klenting biru iku kang dadi asmane.”
Ande-ande lumut
:”duh ibu.. kula mboten purun.. duh ibu.. kula mboten medun..najan ayu sisane
si yuyu kangkang”
Rondho dadapan
:”waduh nduk, wong loro ora gelem kabeh kae..”
(klenting kuning teko marang ing omahe mbok rondho dadapan)
(klenting kuning teko marang ing omahe mbok rondho dadapan)
Klenting kuning
:”kula nuwun”
Rondho dadapan
:”mangga.. sapa kuwi?”
Klenting kuning
:” kula klenting kuning mbok.. badhe melu sayembara “sindel idol” supaya bisa
dadi garwane ande-ande lumut”
Rondho dadapan
:”apa? Kowe kepengen dadi garwane anakku? Ora salah ta kowe iki?”
Klenting abang
:”lha iya.. rupamu elek ambuna ora enak. Aku wae sing ayu ditolak kok apa maneh
kowe?”
Klenting kuning
:”dicoba ndhisik mbok..”
Rondho dadapan
:”yaw is kana ndang nyanyi”
Klenting kuning
: (nyanyi)
Rondho dadapan :
“putraku si ande-ande lumut.. temuruna ana putri kang unggah-unggahi.. putrine
kang ala rupane.. klenting kuning iku kang dadi asmane.”
Ande-ande lumut
:”duh ibu.. kula inggih purun.. dalem putra inggih badhe medun...najan ala menika
kang putra suwun”
Rondho dadapan
:”lho.. apa ora salah kowe le tole?”
Ande-ande lumut
:”mboten mbok.. niki sampun dados pilihan kula”
(klenting klenting kusak kusuk)
(klenting klenting kusak kusuk)
Rondho dadapan
:”owh.. yen kuwi pilihanmu le, simbok manut wae”
Ande-ande lumut
:”mbok kula badhe matur jujur ngenani jati dirine kula”
Rondho dadapan
:”apa kuwi ngger?”
Ande-ande lumut
:”mbok, kula menika pangeran ingkang mangembara golek pengalaman urip lan
sisihing urip.:
Tidak ada komentar :
Posting Komentar